Alun-Alun Nganjuk (feat. Hanna) - Forty Five

lungo tak anti-anti kapan nggonmu bali

mecak’e endahing wengi kutha Nganjuk iki

sumilir angin Wates nggugah kangene ati

apa kowe ora ngerteni kowe tak kangeni

jan marahi pekok mikirke wedokan

otek ati njungkel marahi dadi edan

wes tak goleki ket dhisik tekan saiki

apa kowe ra ngerti nek kowe tak kangeni

rasane abot banget awakku dadi kering

mikirne wedhokan marahi ndase miring

aku ora ngerti kowe lunga nang endi

sumilir angen Wates nggugah kangene ati

ning alun-alun nganjuk iki tak ubengi

mung nggur nggoleki kowe sing tak tresnani

rasa atiku saiki dadi lara

pancen tak akone nek aku kuwi tresno

apa kowe ancen lali karo janji-janji

padahal dhisik disekseni lampu alun-alun iki

apa kowe lali karo aku iki

senajan aku tresno nganti saiki

ning alun-alun tak goleki

terminal stasiun tak ubengi

senajan setaun tak enteni

tresnamu sing tak gondheli

lali tenan tho dek nggonmu janji-janji

disekseni lampu alun-alun iki

lali tenan tho dek karo aku iki

ning terminal stasiun nggonku nggoleki

lungo tak anti-anti kapan nggonmu bali

mecak’e endahing wengi kutha Nganjuk iki

sumilir angin Wates nggugah kangene ati

apa kowe ora ngerteni kowe tak kangeni

nduk ngertio aku dadi koyo ngene

aku tekan wates mung arep nggoleki kowe

tresnamu kuwi sing terus aku goleki

aku ngerasa ngene amergo aku wedhi

apa bener dhewekmu pancen ora ngerti

nek tenane aku i love you sampe mati

kowe ra ngerti rasane dadi awakku

awakku kaya ngene nganti loro batinku

balio tho nduk yo jo nyikso atiku

jan sak tenane aku kuwi cinta padamu

alun-alun nganjuk sing dadi seksine kito

… wes sak tenane aku tresno

rasane atiku saiki dadi ngenes

mikirne wedhokan pikiran dadi ngeres

aku nggoleki kowe uwes nganti setaun

mubeng terminal nganjuk nganti tekan stasiun

ning alun-alun tak goleki

terminal stasiun tak ubengi

senajan setaun tak enteni

tresnamu sing tak gondheli

ning alun-alun tak goleki

terminal stasiun tak ubengi

senajan setaun tak enteni

tresnamu sing tak gondheli

lali tenan tho dek nggonmu janji-janji

disekseni lampu alun-alun iki

lali tenan tho dek karo aku iki

ning terminal stasiun nggonku nggoleki