Bandara Kulon Progo - LSista

sakuwene awakku ngenteni kowe

sakuwene atiku nunggu tekane

tanpo kesel aku netegke anggonku laku

amung kanggo mbuktekke tresnoku

dudu mergo welasmu aku ngandeg ning kene

nanging mergo gedhene tresno iki nggo kowe

sewu siji tresno taklewati nggo atimu

amung kanggo mbuktekke rosoku

mbiyen kowe nate setyo

ntresnani aku kanthi lila lan legowo

banjur kowe pamit lunga ning manca

tak tunggu balimu ning kulon progo

pamitmu arep sinau ora ninggalke tresnoku

senadyan sakuwene wektu rabiso nyanding awakku

ning bandara kulon progo mbiyen kowe wis prasetyo

janji yen ora mblenjani, bakal bali tanpo ngeliyo ati

ning bandara kulon progo kowe nate prasetyo

bakal bali janji bakal sehidup semati

urip bebarengan besok bakal mujudke katresnan

tanpo roso loro bakal urip tekan tuwo

bandara kulon progo dadi seksi prasetyo

yen tresnaku lan tresnamu bakal tetep tak jogo

nganti saksuwene kowe bakal tetep tak tunggu

ono ing bandara kulon progo ngayogyakarta

pamitmu arep sinau ora ninggalke tresnoku

senadyan sakuwene wektu rabiso nyanding awakku

ning bandara kulon progo mbiyen kowe wis prasetyo

janji yen ora mblenjani, bakal bali tanpo ngeliyo ati
Artist: LSista
Title: Bandara Kulon Progo