rambut wis ra ireng, wis malih rupane

ireng dadi putih saikine

dino tambah dino, umur tambah tuo

nanging koyo koyo ora diroso

ngadeg dadi cagak, nyonggo piringe anak

mempeng kerjo ora mikir rogo

paribasan umur wis akeh cacahe

nganti bingung anggonku ngitunge

bapak bapak tekadmu kuwi tak puji

bapak bapak kowe koyo senopati

bapak bapak panasmu ngungkuli geni

bapak bapak keno angin soyo ndadi

senajan uwis tuwo, nekat mempeng kerjo

nyambut gawe kanggo nguripi kluargo

ngadeg dadi cagak, nyonggo piringe anak

mempeng kerjo ora mikir rogo

paribasan umur wis akeh cacahe

nganti bingung anggonku ngitunge

bapak bapak tekadmu kuwi tak puji

bapak bapak kowe koyo senopati

bapak bapak panasmu ngungkuli geni

bapak bapak keno angin soyo ndadi

senajan uwis tuwo, nekat mempeng kerjo

nyambut gawe kanggo nguripi kluargo