Bojo Galak - Tasya Rosmala

wis nasibe kudu koyo ngene
 nduwe bojo kok ra tau ngapenake
 seneng muring, omongane sengak
 kudu tak trimo, bojoku pancen galak

saben dino rasane ora karuan
 ngerasake bojoku sing ra tau perhatian
 nanging piye maneh atiku wes kadung tresno
 senajan batinku ngampet ono njero dada

yo wes ben nduwe bojo sing galak
 yo wes ben sing omongane sengak
 seneng nggawe aku susah
 nanging aku wegah pisah

tak tompo nganggo tulus ing ati
 tak trimo sliramu tekan saiki
 mungkin wes dadi jodone
 senajan kahanane koyo ngene

sungguh keterlaluan bojoku sing saiki
 kliru sitik wae aku mesti diseneni
 ameh dolan ro konco kok ora diolehke
 senenange nuduh dikira lungo ro liyane

yen wes ngono aku mung bisa meneng
 tak jelasno malah mung nggawe kowe sepaneng
 di matamu aku iki ora tau bener
 kabeh mbok salahno, rumangsa wes paling pinter

yo wes ben nduwe bojo sing galak, yo wes ben sing omongane sengak
 seneng nggawe aku susah, nanging aku wegah pisah
 tak tompo nganggo tulus ing ati, tak trimo sliramu tekan saiki
 mungkin wes dadi jodone, senajan kahanane koyo ngene

ibarate dele sing uwis dadi tempe
 kudu tak lakoni yen pancen ngene dalane
 abote nduwe bojo sing galak
 lek ra keturutan senengane mencak-mencak

ra usah digetuni aku kudu kuat ati
 nganti tekan mati sliramu tetep nang ati
 distel kendo wae, tak nikmati uripe
 senajane galak bojoku pancen sing bagus dhewe

kuat dilakoni, lek ra kuat ditinggal ngopi
 tetep cinta senajan bojoku galak

yo wes ben nduwe bojo sing galak, yo wes ben sing omongane sengak
 seneng nggawe aku susah, nanging aku wegah pisah
 tak tompo nganggo tulus ing ati, tak trimo sliramu tekan saiki
 mungkin wes dadi jodone, senajan kahanane koyo ngene

yo wes ben nduwe bojo sing galak, yo wes ben sing omongane sengak
 seneng nggawe aku susah, nanging aku wegah pisah
 tak tompo nganggo tulus ing ati, tak trimo sliramu tekan saiki
 mungkin wes dadi jodone, senajan kahanane koyo ngene
Artist: Tasya Rosmala
Title: Bojo Galak