Bojo Simpenan (feat. Eka Martha) - NDX A.K.A

neng ngisor sorot rembulan ing wengi iki

tak gantungke tresnoku kang tulus suci

senajan aku dudu kang nomer siji

roso keukir sak jeroning ati

sampun lembah manah anggonku tresno ro koe

susah seneng sek tak rasakke emboh piye akhire

ngalah adi welas asih andum ati kroso gerih

andhap ngasor ngampet tangis tresno iki ora pamrih

semilir angin segoro nggugah atiku

karang gedhe ing tengah laut nguatke aku

tansah tak gujeng kenceng ra bakal tak uculke

amergo sucining tresnoku namung kanggo koe

hasil eluh kang netes sing dadi seksi loro lan cidro

nanging gedhe asmoro tetep ora bakal aku lungo

madep mantep tresno mung kanggo sliramu kangmas

ra bakal biso pindah ing ati liyo

senajan aku mung bojo simpenanmu

nanging atiku ora bakal mlayu

tak sungging esemanku saben ketemu sliramu

tak suntak kabeh isi kang ono ning atiku

aku ngerti ora gampang yen dadi bojo simpenan

namung pasrah lan mugi gusti paringi dalan

ora peduli sepiro anggonku ngenteni

sewu wulan sewu tahun bakal tak larungi

mergo sampeyan kadung urip ono ning ati

roso tetep jumenung nggo koe tekan ku mati

hasil eluh kang netes sing dadi seksi loro lan cidro

nanging gedhe asmoro tetep ora bakal aku lungo

madep mantep tresno mung kanggo sliramu kangmas

ra bakal biso pindah ing ati liyo

senajan aku mung bojo simpenanmu

nanging atiku ora bakal mlayu

aku ngerti tresnomu mung kanggo awakku nimas

nanging ati iki wes ono sing nduweni

sabarno atimu kuatno batinmu

yen pancen jodho ora bakal mlayu

madep mantep tresno mung kanggo sliramu kangmas

ra bakal biso pindah ing ati liyo

senajan aku mung bojo simpenanmu

nanging atiku ora bakal mlayu