Bojoku Digondol Bojone - NDX A.K.A

pancen ngenese uripku

nduwe pacar kok ngerusak utekku

jare tresno aku, ra mblenjani aku

lananganmu jebule gor pabu

aku ora nyangka wae

nduwe pacar kok malah mumet ndase

ra ono kabare, ora jelas rupane

bojoku digondol bojone

nduwe bojo kowe gur gawe awak semble

aku kudu piye yen ngene kahanane

dituruti ora ngerti kok malah mbagi ati

nggawe aku frustasi marai pengen mati

tur aku yo wegah nek kudu terus ngalah

ndelok kowe polah marai urip dadi bubrah

mbok yo mikir sithik kurang opo awakku

tok gawe aku sutek mergo tekon alamu

aku uwes sabar nganti ngelus dada

nek gur pengen bubar aku yo sumonggo

dasar aku uwes jeleh nyanding terus sliramu

sek pas ra tau ngerteni apa karep ku

pancen ngenese uripku

nduwe pacar kok ngerusak utekku

jare tresno aku, ra mblenjani aku

lananganmu jebule gor pabu

aku ora nyangka wae

nduwe pacar kok malah mumet ndase

ra ono kabare, ora jelas rupane

bojoku digondol bojone

roso kaget rosoku tak nyawang kowe demenan

roso ati nganti njepat dadi ora karuan

kelingan janji-janjimu jebule ora mutu

kok ra nduwe isin awakmu ngapusi aku

opo mergo bojo anyarmu kui sing sugeh bondo

uwes sumeleh nesu we ora kroso

yen pancen dek’e tok pilih aku gur iso lilo

nadyan roso loro teko tetep ra tak rasakno

mugo kabeh iso dadi kesenenganmu

urip penak lan mulyo karo bojo anyarmu

pancen aku ra iso nyenengke kowe nganggo duit

mergo dasare aku wong cilik sek uripe pait

pancen ngenese uripku

nduwe pacar kok ngerusak utekku

jare tresno aku, ra mblenjani aku

lananganmu jebule gor pabu

aku ora nyangka wae

nduwe pacar kok malah mumet ndase

ra ono kabare, ora jelas rupane

bojoku digondol bojone

aku gor iso ndonga nggo apike uripmu

mugo iso bungah karo bojo anyarmu

anggep wae ra tau ono cerito aku karo kowe

senajan opo seng tok due wes tak olehke

nanging lalekke wae apik lan elek awakku

pikirno wae urusan duwe bojo anyarmu

aku uwes luweh mikirke kowe meneh

mending aku sumeh kowe wes heweh heweh

ra perlu tak tangisi pancen iki dalane

aku iso oleh sing luweh apik seko kowe

yo wes cukup semene aku karo awakmu

mesakake bojomu kae gor mangan turahanku

pancen ngenese uripku

nduwe pacar kok ngerusak utekku

jare tresno aku, ra mblenjani aku

lananganmu jebule gor pabu

aku ora nyangka wae

nduwe pacar kok malah mumet ndase

ra ono kabare, ora jelas rupane

bojoku digondol bojone