Demokrasi - Sujiwo Tedjo
G: Guru, M: Murid G: Duh bocah ayu tutwuria lagu kang mau M: Kawulo nuwun punopo kang mekaten G: E lha... lha kok beda M: Pundi to kang benten G: Bedane swarane pungkase kowe ora ngene G: Coba baleni nulad lagu kang mau kae M :Kawula nuwun punapa kang mekaten G: Ee.. Lha mekso beda M: Pundi to pundi to ingkang taksih benten G: Bedane pungkasane kowe ora ngene G: Sepisan baleni lagu kang pungkasan M: Kawula nuwun punapa kang ngaten G: E tobil jebule kowe mekso beda M: Kawula nuwun ingkang benten sinten G: Sliramu kang beda... Koor: Hip ho! Ha hip ho! Hip ho! Ha hip ho! Solo. G: E... lha kae neng awang-awang keh mega-mega Yen... tak sawang beda-beda swara ora ala malah becik Nadyan kowe beda Kula nyuwun duka Ora uasah nyuwun duka... G: Duh bocah bagus tutwuria lagu kang mau M: Kawulo nuwun punopo kang mekaten G: E lha... lha kok beda M: Pundi to kang benten G: Bedane swarane pungkase kowe ora ngene G: Coba baleni nulad lagu kang mau kae M :Kawula nuwun punapa kang mekaten G: Ee.. Lha mekso beda M: Pundi to pundi to ingkang taksih benten G: Bedane pungkasane kowe ora ngene G: Sepisan baleni lagu kang pungkasan M: Kawula nuwun punapa kang ngaten G: E tobil jebule kowe mekso beda M: Kawula nuwun ingkang benten sinten G: Sliramu kang beda...
Artist: Sujiwo Tedjo
Title: Demokrasi