Jogo Benik - Lek Dahlan

kelingan neng endi endi goncengan

ra duwe isin, motor kentekan bensin

telung taun bareng delok karnaval

bandemi siter, gatel dirubung uler

tak anti anti, saben dolan sore wis tak ajak bali

sadaro benikmu wes tak jogo

biyen mung dakon saiki senengmu dolanan balon

aku sing berjuang nanging awakmu milih garangan

tulung yen pancen awakmu ngajak pisahan

balekne duitku naliko pacaran

gawe tuku pulsa bakso lan mie ayam

mbok kiro golek duit wi gampang

aturke ngapuroku marang wongtuomu

malem minggu boten maleh tindak mriku

gowo jajan bubur, ngobrolake tandur

mugo akur ndang dirabi syukur, ra isi nganggur

demi kowe aku wes cuti ngarit

dolan moh ngepit, clono tak gawe sempit

tak anti anti, saben dolan sore wis tak ajak bali

sadaro benikmu wes tak jogo

biyen mung dakon saiki senengmu dolanan balon

aku sing berjuang nanging awakmu milih garangan

tulung yen pancen awakmu ngajak pisahan

balekne duitku naliko pacaran

gawe tuku pulsa bakso lan mie ayam

mbok kiro golek duit wi gampang

aturke ngapuroku marang wongtuomu

malem minggu boten maleh tindak mriku

gowo jajan bubur, ngobrolake tandur

mugo akur ndang dirabi syukur, ra isi nganggur

mugo akur ndang dirabi syukur, ra mblending nganggur
Artist: Lek Dahlan
Title: Jogo Benik