Kadaluorso - Hendra Kumbara

dino dino wes ganti

wes bedo jamane

dalan dalan sing sepi

saiki wes rame

awak sing wes gampang loro

tak sawang ning ngarep koco

ra kroso saiki wes tuwo

konco konco wes ganti

wes bedo mangsane

teko lungo sing mesti

wes nemu dalane

nanging roso tresnoku

sing tulus marang awakmu

ra layu tekan anak putu

tresno sing ning njero dodo

iseh ono ra bakal kadaluarso

senajan tangan iki

wes lali carane nyekel lan nggondeli

tresno sing iseh tak jogo

nganti tuo ra bakal tak sio-sio

senajan umur iki

ra ngerti kapan Tusti nimbali

konco konco wes ganti, wes bedo mangsane

teko lungo sing mesti wes nemu dalane

nanging roso tresnoku sing tulus marang awakmu

ra layu tekan anak putu

tresno sing ning njero dodo

iseh ono ra bakal kadaluarso

senajan tangan iki

wes lali carane nyekel lan nggondeli

tresno sing iseh tak jogo

nganti tuo ra bakal tak sio-sio

senajan umur iki

ra ngerti kapan Tusti nimbali

senajan umur iki

ra ngerti kapan Tusti nimbali
Artist: Hendra Kumbara
Title: Kadaluorso