🎵

KASETYANJATI

Album: KASETYANJATI (Live) Durasi: 6:46

Kasetyan Jati

hywang candra wus ilang citrane

mendhung peteng nglimputi cahyane

riwis ngantheni kapangku

amung sira pepujan atiku

ndhuk, esemmu tansah nglamlami

lelewane milangeni

nimas ngridhu nala

Rasa tresna sun gantha,

saiki wus bisa gatra

wiwit rahina tumekeng ratri

sira mung tansah tak impi-impi

sayang sira kang ngratoni nala

sesotyaku wong ayu

amung sira

nimas mratelakake katresnan

nedya bakal urip bebarengan

sayang gandamu kang arum wangi

antuk kasetyan jati ubayane datan mbalenjani

tresnaku suci ubayane datan mbalenjani