Kidung Wahyu Kolosebo - Niken Salindry

rumekso ingsun laku nisto ngoyo woro

kelawan mekak howo, howo kang dur angkoro

senajan syetan gentayangan tansah gawe rubedo

hinggo pupusing jaman

hameteg insun nyirep geni wiso murko

meper hardaning ponco saben ulesing netro

linambaran sih kawelasan ingkang paring kamulyan

sang hyang jati pengeran

jiwanggo kalbu samodro pepuntoning laku

tumuju dateng Gusti dzat kanga amurbo dumadi

manunggaling kawulo Gusti krenteg ati bakal dumadi

mukti ingsun tanpo piranti

sumebyar ing suksmo madu sarining perwito

maneko warno prodo mbangun projo sampurno

sengkolo tido mukso kolobendu nyoto sirno

tyasing roso mardiko

mugiyo den sedyo pusoko kalimosodo

yekti dadi mustiko sakjroning jiwo rogo

bejo mulyo waskito digdoyo bowo leksono

byar manjing sigro sigro

apuh sepuh wutuh tan keno iso paneluh

gagah bungah sumringah ndadar ing wayah wayah

satriyo toto sembodo wirotomo katon sewu kartiko

ketaman wahyu kolosebo

memuji ingsun kanti suwito linuhung

segoro gondo arum swuh rep dupo kumelun

ginulah niat ingsun hangidung sabdo kang luhur

titahin sang hyang agung

rembesing tresno tondo luhing netro roso

roso rasaning ati kadyo tirto kang suci

kawistoro jopo montro kondang dadi pepadang

palilahing sang hyang wenang

nowo dewo jawoto talisantiko bawono

prasido sidikoro ing sasono asmoro loyo

sri narendro kolosebo winisudo ing gegono

datan gingsir sewu waro