Konco Musiman - NDX A.K.A

pas jaman kowe susah

aku ning sandingmu

pas jaman kowe mulyo

kowe malah lungo

apa iki rasane

aku salah kekancan

duwe konco musiman

susah seneng tak kancani

tibo tangi tak tulungi

biyen takone posisi

saiki kowe ning endi

dumeh sugih terus lungo

lali karo konco konco

aku ono pas rekoso

kowe lungo pas wes mulyo

rokok entek yo cupitan

madhang angkring yo kembulan

pendak dino ngalur ngidul

bingung nggoleke utangan

saiki uripmu penak

lali karo konco cerak

lagi sugih anyaran

polahmu uwes macak sengak

ning ngarep macak apik

ning mburi koyo kirik

ra mikir sedulure

ra mikir kekancane

pas jaman kowe susah, aku ning sandingmu

pas jaman kowe mulyo. kowe malah lungo

apa iki rasane aku salah kekancan

duwe konco musiman

saiki koe nglungani, rugi aku le nulungi

rugi aku le ngancani, balesanmu koyo tai

ibarate koe kere saiki wis munggah bale

konco susah perjuangane saiki dilalekke

kelingan ra pas atimu dilarani dadi cidro

koe sambat ro sopo nek udu karo konco-konco

wes pedot tekan semene kekancane sedulure

aku ora butuh konco model asu koyo kowe

ning ngarep macak apik, ning mburi koyo kirik

ra mikir sedulure, ra mikir kekancane

pas jaman kowe susah, aku ning sandingmu

pas jaman kowe mulyo. kowe malah lungo

apa iki rasane aku salah kekancan

duwe konco musiman

pas jaman kowe susah, aku ning sandingmu

pas jaman kowe mulyo. kowe malah lungo

apa iki rasane aku salah kekancan

duwe konco musiman
Artist: NDX A.K.A
Title: Konco Musiman