Lewung - Syahiba Saufa

dadi lewung atiku

nalikane sepisan ketemu

wong bagus dadi laku

nggodho ati rinten siang dalu

kinurban jiwo rogo

ngundang roso tumetesing kalbu

lir nguyahi segoro

datan biso ngluluhke atimu

suwe nggonku ngenteni

lewung ing ati gak entuk jampi

dadyo ati sawiji

nadyan abot tak lakoni

sabdo pandhito ratu

mring sliramu dadyo sisihanku

Gusti mugi nglilani

tresnaku bakal ginowo mati

dadi lewung atiku nalikane sepisan ketemu

wong bagus dadi laku, nggodho ati rinten siang dalu

kinurban jiwo rogo, ngundang roso tumetesing kalbu

lir nguyahi segoro, datan biso ngluluhke atimu

suwe nggonku ngenteni, lewung ing ati gak entuk jampi

dadyo ati sawiji, nadyan abot tak lakoni

sabdo pandhito ratu, mring sliramu dadyo sisihanku

Gusti mugi nglilani, tresnaku bakal ginowo mati
Artist: Syahiba Saufa
Title: Lewung