Mangan Ra Njaluk Kowe - LSista

aku mangan ra njaluk kowe

sing ngopeni aku du kowe

urusono uripmu dewe dewe

jamane jan wis jaman edan

salah bener dadi omongan

padahal sifate dewe rung mesti karuan

aku mangan ra njaluk kowe

sing ngopeni aku du kowe

urusono uripmu dewe dewe

lucune urip jaman saiki

lakon bener diseriki, kleru sitik dimusuhi

ono meneh cerito wong ra kenal

dicurhati konco dolan

iso iso melu urusan sing dek’e ora paham

iki uripku, iki lakuku

opo urusanmu melu melu permasalahanku

opo kowe pancen ngeroso nek kowe bener dewe

kowe sing apik dewe, wani mbiji kanca-kancane

jamane jan wis jaman edan, salah bener dadi omongan

padahal sifate dewe rung mesti karuan

aku mangan ra njaluk kowe, sing ngopeni aku du kowe

urusono uripmu dewe dewe

ra nang kono, ra nang kene, anane dirasani

lakon bener lakon kleru kabeh do disengiti

endi sing tonggo, endi sing konco, jebulane mung podo

kabeh sing tak lakoni tetep do dianggep olo

ayo coba dandanono uripmu dewe dewe

ayo coba benahono sifat elekmu dewe dewe

rasah mikir elekke tonggo lan konco koncone

ojo ngeroso nek awakmu paling bener dewe

ayo ndang didandani, koreksi diri sendiri

urip luwih becik saling melengkapi

jamane jan wis jaman edan, salah bener dadi omongan

padahal sifate dewe rung mesti karuan

aku mangan ra njaluk kowe, sing ngopeni aku du kowe

urusono uripmu dewe dewe

jamane jan wis jaman edan, salah bener dadi omongan

padahal sifate dewe rung mesti karuan

aku mangan ra njaluk kowe, sing ngopeni aku du kowe

urusono uripmu dewe dewe
Artist: LSista
Title: Mangan Ra Njaluk Kowe