Mendung Putih (feat. Bagas Putra) - Redsox D.P.R

mendung putih dino iki

udan gerimis ora mari

netes eluhku ning pipi

naliko kelingan tresnoku sejati

kowe wes ilang

ning kenanganmu ra bakal ilang

Gusti Allah wes ngatur dalane

Gusti Allah nduwe dalan dewe

mugo kowe ugo iso nompo

opo sing wes digariske Sing Kuoso

mendung putih sing ning mego

langit peteng ketok moto

ora maksud aku cidro

ning kepiye maneh iki takdir Sing Kuoso

ngertiyo yen wes dalane

udu diikhlaske

wes tau berjuang tenanan

tapi pupus neng tengah dalan

wes berharap neng pelaminan

nanging ora dadi kasunyatan

dosaku opo, salahku opo

Gusti sing molak malik roso

yen ra jodo iso opo

Gusti Allah wes ngatur dalane

Gusti Allah nduwe dalan dewe

mugo kowe ugo iso nompo

opo sing wes digariske Sing Kuoso

tak terimo opo sing wes dadi takdirku

mugo Gusti paring dalan gadah nggo awakku

aku percoyo iki sing apik nggo awakku

mergo garis urip uwong bedo bedo, ngertiyo