Nasib Wong Ra Nduwe - Via Vallen

nasibe wong ra nduwe

diece karo kancane

nelongso abot kahanane

saiki aku rekoso

nanging sregep lek ku dungo

aku percoyo uripku biso mulyo

urip ning alam dunyo mung dinggo sementara

kabeh kuwi amung titipan seko sing Kuoso

ono sing berlimpah arto lan urip rekoso

nanging sak tenane kabeh menungso iku podo

opo iki nasibe wong ra nduwe

neng endi wae uripe mesti diece

nanging aku percoyo Gusti Allah mboten sare

sabar lan sregep ibadah ben padang dalane

opo salahe nek aku uwong ora nduwe

aku ‘ncen kere nanging ojo mbok ece

aku ra ganggu kowe, ora tau njaluk kowe

mergo aku sregep nyambut gawe

nasibe wong ra nduwe diece karo kancane

nelongso abot kahanane

saiki aku rekoso nanging sregep lek ku dungo

aku percoyo uripku biso mulyo

tak tompo sak ikhlase

opo seng wis dadi kahanane

wong ora nduwe aku ra popo

nanging ojo nganti dewe cilik ati

percoyo kabeh kuwi ono dalane

urip mung sepisan kudu dipikir tenanan

ben awake dewe iseh duwe masa depan

ojo lali nyuwun pangestune gusti pangeran

insyaallah kabeh dungone dewe dikabulkan

saiki dewe pancen iseh dadi wong dalan

sopo ngerti sesuk iso dadi juragan

asal ora tau kesel ngadepi kahanan

jujur lan sabar kuwi kuncine kesuksesan

nasibe wong ra nduwe diece karo kancane

nelongso abot kahanane

saiki aku rekoso nanging sregep lek ku dungo

aku percoyo uripku biso mulyo

nasibe wong ra nduwe diece karo kancane

nelongso abot kahanane

saiki aku rekoso nanging sregep lek ku dungo

aku percoyo uripku biso mulyo, aku percoyo uripku biso mulyo