🎵

Nduk

Durasi: 5:52

Nduk rungokno jerit tangis atiku

Aku nelongso amergo mbok tinggal lungo

Saikine wes cidro, loro sakjroning dodo

Tresnoku wes luntur mergo sliramu

Nduk nopo biyen kowe nompo tresnoku

Nek niatmu amung ngelarani atiku

Kowe mblenjani janji tresnoku ingkang suci

Janji setyomu jebul mung ngapusi

Sayang ngopo kowe tego ninggal aku lungo

Jare arep setyo nganti tekan tuwo

Sak tenane aku iki salah opo

Nganti awakmu gawe ati cidro

Jare susah seneng kowe bakal ngelakoni

Ngenteni awakku sing lagi golek rejeki

Yen pancen dalane ngene dewe kudu trimo

Ora malah lungo gawe cidro ning dodo

Kabeh masalah sak tenane biso dirembug

Ora sok mutusi nggo emosi ...

Kowe njaluk opo meski tak turuti

Mbuh kepriye carane aku sing ngelakoni

Kowe buktine aku tresno mung sliramu

Rogo nganti remuk sing penting seneng atimu

Sak abot-abote pacobaning ning uripku

Luwih abot nek aku kelangan sliramu