Ojo Ngece Karo Wong Ora Nduwe - Esa Risty

ojo ngece karo wong ora duwe

raja brana yen mati ora digowo

bebasan urip mung mampir ngombe

ngono kuwi jare pini sepuh kae

ojo ngece karo wong ora duwe

raja brana yen mati ora digowo

bebasan urip mung mampir ngombe

ngono kui jare pini sepuh kae

nek numpak sepur asepe metu dhuwur

tiwas ajur mumur yen awak ora diatur

nek numpak montor asepe metu ngisor

urip ning alam donyo kudu sugih andhap asor

nek numpak becak asepe metu telak

ojo guyu ngakak yen urip lagi kepenak

nek numpak andhong asepe metu bokong

ojo plenggang plenggong mengko mundhak koyo grandong

dadi wong ojo rumongso biso

nanging uwong seng biso rumongao

wong seng becik simpeno kebecikane

ngono kuwi jarene simbahku dewe

nek rujak nanas pantes diwadahi gelas

tiwas adem panas sing digagas ora waras

nek rujak dhondong pantes diwadahi lodhong

ojo plenggang plenggong mengko mundhak koyo grandhong

nek rujak mayit lalapane rumah sakit

bingung golek duwet ngurusi barang kejepit

nek rujak mayit lalapane rumah sakit

bingung golek duwet ngurusi barang kejepit

dadio wong seng becik, ojo do sirik opo opo marai mangkel

mengko malah kowe dadi nggrundel, tiwas ngalah malah do ngeyel

mulane kowe manuto wong tuo, ojo pisan pisan kowe neko neko jaman

saiki sithik sithik methu ragat, uripe ora tentrem malah kowe dadi njepat

mulakno mulakno rasah do ngeyel, wong tuo le ngandani angel

bola bali bola bali kowe nglarani ati, wong tuamu dadi loro ati

ngalor ngidul ngulon ngetan, aku wes kenthir ra iso mikir

kiwo kiwo kluwer kluwer

nek rujak mayit lalapane rumah sakit

bingung golek duwet ngurusi barang kejepit

nek rujak mayit lalapane rumah sakit

bingung golek duwet ngurusi barang kejepit

nek rujak mayit lalapane rumah sakit

bingung golek duwet ngurusi barang kejepit

nek rujak mayit lalapane rumah sakit

bingung golek duwet ngurusi barang kejepit