← Kembali
🎵

Raiso Ngapusi

Album: Raiso Ngapusi Durasi: 4:11

Tresna iki karo kowe wis karep bebrayan

Rasa iki aku sing dolanan

Seprana-seprene aku ngapusi kowe

Di belakang, bermain dengannya

Kabeh iki pancen salahku

Wis blenjani janji suci iki

Lalekna aku, nggoleka pengganti

Sing isa ngregani awakmu

Aja ngeboti aku

Polahku gawe bubrah

Nanging, ati ra isa ngapusi

Jujur, aku ra isa

Kudu mileh sapa ning atiku

Kabeh sing tak tresna

Pangapuranen aku

Wis nggawe gela atimu, ninggal tatu

Sing wis kadhung jeru

Nggih pun kersane, dhuh, Kangmas

Aku lila lan legawa

Ora papa aku mbok duakna

Salahku marang awakmu

Wis nggawe lara atimu

Nanging, ikhlasna awakku

Muga bener marang pilihanku

Jujur, aku ra isa

Kudu mileh sapa ning atiku

Kabeh sing tak tresna

Kabeh kuwi wis ginaris

Tresnaku pancene tragis

Kudu nampa pilihanmu

Nadyan dudu aku

Pangapuranen aku

Wis nggawe gela atimu, ninggal tatu

Sing wis kadhung jeru

Lilakke rasa tresnaku

Ngoyaka tresna anyarmu

Aja bali kaya wingi

Aku wis ra sudi

Jujur, aku ra isa

Kudu mileh sapa ning atiku

Kabeh sing tak tresna

Pangapuranen aku

Wis nggawe gela atimu, ninggal tatu

Sing wis kadhung jeru

Pangapuranen aku

Wis nggawe gela atimu, ninggal tatu

Sing wis kadhung jeru

Nanging, ati ra isa ngapusi