Rembulan - Anisa Salma

rembulan ing wengi tansah anyekseni

endah paras manis esem lan guyumu

ginambaring batin tan biso ngelalekke

yekti kangmas ora ono liyane

tatapan netramu nembus ing atiku

agawe aku mung mikirne sliramu

cahyaning rembulan kalah kelawan esemmu

amung kangmas 

hawaning njero batin pingin tansah sesanding

yo mung karo kangmas, atiku mung kanggo kangmas

nadyan akeh bebalang ngalangi dalan katresnan

iku pancen dalan supoyo tresno iki bakal kasembadan

Artist: Anisa Salma
Title: Rembulan