Sekonyong Konyong Koder - Didi Kempot
Cintaku sekonyong koder Karo kowe cah ayu sing bakul lemper Lempermu pancen super resik tur anti laler Yen ra pethuk sedino neng sirah nggliyer Cintaku sekonyong koder Paribasan durung demok wani panjer Modal bensin seliter motorku tak stater Tak ampiri ayo tak ajak muter-muter Tiwas aku dandan mlithit Rambutku lengane pomit Kowe malah lunga plencing ora pamit mit..mit...mit Bir temu lawak sing tak pikir neng awak marahi rusak Rusak njaba njero sing tak pikir jebule koyo ngono Kembang jambu gogrok dipangan uler Cintaku sekonying konyong koder Uler keket mlakune klogat kloget Walah jabang bayi juebul aku keno pelet
Artist: Didi Kempot
Title: Sekonyong Konyong Koder