Singget - Nella Kharisma

direwangi malah nyeneni

mbesengut koyo ulere geni

mben weruh aku

kowe enenge mung mencucu

jane piye kuwi karepmu

maune sambat nyeluki aku

wis diparani

kowe malah nyingkiri

ampun mekaten yen taseh remen

urip bebrayan sak omah meneng menengan

meniko ati sanes kos kosan

urip sak kandang ning ati singget singetan

piyatun kakung cagake wuwung

tak enteni kowe kuwi ndang ucul tembung

sing wijaksono enggal ngendiko

kowe kuwi ojo mung tansah gawe gelo

nduwe lambe kuwi yo kudu muni

guno kanggo ngandani, guno kanggo ngapiki

becik salah sing endi kudune dicritani

ojo mung kanggo ngopi, ojo kanggo ngrasani

petan petan neng dalan mung entuk kasengsaran

dadine mung mudal madol dirasani ngalor ngidul

becik dadi wong bloko, crito opo sing ono

uripe mesti mulyo, matine mlebu suargo

direwangi malah nyeneni

mbesengut koyo ulere geni

mben weruh aku

kowe enenge mung mencucu

jane piye kuwi karepmu

maune sambat nyeluki aku

wis diparani

kowe malah nyingkiri

ampun mekaten yen taseh remen

urip bebrayan sak omah meneng menengan

meniko ati sanes kos kosan

urip sak kandang ning ati singget singetan

piyatun kakung cagake wuwung

tak enteni kowe kuwi ndang ucul tembung

sing wijaksono enggal ngendiko

kowe kuwi ojo mung tansah gawe gelo
Artist: Nella Kharisma
Title: Singget