Tibo Mburi - Anisa Salma

aku dewekan ning dalan prapatan

sakwise kowe ngajak bubaran

senajan loro nanging kudu tak terimo

mugo wae sing apik nggo kowe

saktenane atiku durung biso nerimo

kowe gandeng karo uwong liyo

kowe ora ngerasakke sing tak rasakke

sing penting kowe bahagia, aku gampang

duh Gusti paringono aku kuat ati

mugo mugo oleh ganti sing luwih gemati

elingo, mugo kowe ora dadi gelo

mergo gelo lan kuciwo tibone ning mburi

mlaku nem wulan aku iseh dewekan

krungu kabar kowe arep tunangan

senajan loro nanging kudu tak terimo

mugo wae sing apik nggo kowe

saktenane atiku durung biso nerimo

kowe gandeng karo uwong liyo

kowe ora ngerasakke sing tak rasakke

sing penting kowe bahagia, aku gampang

duh Gusti paringono aku kuat ati

mugo mugo oleh ganti sing luwih gemati

elingo, mugo kowe ora dadi gelo

mergo gelo lan kuciwo tibone ning mburi

aku ngerti kowe ora gampang

kadung suwe dewe bebarengan

nanging Gusti duwe dalan liyo

kowe kudu lilo, kowe kudu nerimo lan legowo

duh Gusti paringono aku kuat ati

mugo mugo oleh ganti sing luwih gemati

elingo, mugo kowe ora dadi gelo

mergo gelo lan kuciwo tibone ning mburi

duh Gusti paringono aku kuat ati

mugo mugo oleh ganti sing luwih gemati

elingo, mugo kowe ora dadi gelo

mergo gelo lan kuciwo tibone ning mburi
Artist: Anisa Salma
Title: Tibo Mburi