Tresno Ing Parangtritis - Bayu G2B

udah ning parangtritis, ono crito gawe tangis

kowe ninggal aku, gawe batinku keiris

opo kowe kelingan naliko jaman semono

tresnomu tak tompo, jare kowe arep setyo

wes bola bali aku nrimo kowe ngelarani aku

loro ning ati tembus sakjroning atiku

ngempet batin iki mendem loro lan kuciwo

mergo tresnomu saiki wes kanggo wong liyo

sakbendino isone mung nangis

naliko kelingan pas dewe ning parangtritis

kowe medot tresnoku tanpo sebab alesan

tiwas aku setyo eh jebul malah kapusan

kowe sing tak tresno malah tego gawe loro

tresnoku kang suci mbok bagi karo wong liyo

wes cukup cukup sakmene cerito kowe ro aku

mending aku mundur timbangane aku sing ajur

saktenane ati iki nganti nangis getih

pas ngerti tresnoku sanes tresno sing mbok pilih

kowe luwih ngaboti pilihanmu sing anyar

timbangane loro ati luwih apik dewe bubar

nadyan awakku iki isih tresno sliramu

nanging kabeh kari kenangan masa laluku

isone mung ikhlas kowe ninggalke aku

mugo aku cepet oleh penggantimu

ombak ning tengah segoro, pasir putih nang tepinan

atiku kelaran wes dadi korban katresnan

opo kabeh tresno kudu butuh pengorbanan

timbang loro ati mendingan aku kelangan