Tresno Ra Bakal Luntur - NDX A.K.A

dek, aku tresno banget karo kowe

tapi kok kowe ra gagas aku

tapi tenan dek, tresnoku iki ora bakal luntur

sak lawase dek, sak lawase

kudu piye aku iso ngolehku gedhe tresnamu

tok tarik ulur aku tetap ra mundur

tresno ra bakal luntur

opo kurang roso tresno, sing tak ukir jeroning rogo

kowe kok nyepelekne, malah ndadak nphp

padahal ra kurang-kurang tresnoku mung nggo kowe

wektu bodho lan nyowo kabeh wes tak ikhlaske

kowe ragu-ragu ora nompo awakku

tak ceraki kowe ngadoh gawe loro batinku

yo men aku tetep berjuang kanggo awakmu

mugo wae kowe peka banjur gelem dadi bojoku

sewu dongaku namung kanggo sliramu

mugo biso nompo tresnaku

nanging awakku ra bakal iso

tresno marang wong liyo

kudu piye aku iso ngolehku gedhe tresnamu

tok tarik ulur aku tetap ra mundur, tresno ra bakal luntur

esuk awan bwengi namung biso ngelilakke

sucine tresnaku malah mbok php, kudu kuat atine

wes ora keketung meneh opo sek wes tak wenehku

kasih tulus tresno suci uwes kabeh tok nggo kowe

aku kudu piye lehku ngadepi kowe

nganti aku ra sempet mikir awakku dewe

atimu kok koyo watu sek ra bakal iso lebur

arepo ditetesi udan deres ra bakal mumur

namung sabar lan ikhlas sing biso tak lakoni

mugo wae kowe mbukak ati iso dadi siji

sewu dongaku namung kanggo sliramu, mugo biso nompo tresnaku

nanging awakku ra bakal iso tresno marang wong liyo

kudu piye aku iso ngolehku gedhe tresnamu

tok tarik ulur aku tetap ra mundur, tresno ra bakal luntur

esuk awan bwengi namung biso ngelilakke

sucine tresnaku malah mbok php, kudu kuat atine

dudu maksudku nglarani atimu, durung biso nompo tresnomu

nanging tresnomu sing kanggo aku, saking gdhene neng atimu

aku ngerti tresnomu mung tansah kanggo awakku

nanging arep piye meneh, aku pasrah lan sumeleh

aku mung biso ndungo marang Gusti sing Kuoso

senajan atimu loro nanging kowe sing prasetyo

kudu piye aku iso ngolehku gedhe tresnamu

tok tarik ulur aku tetap ra mundur, tresno ra bakal luntur

esuk awan bwengi namung biso ngelilakke

sucine tresnaku malah mbok php, kudu kuat atine