Tresno Waranggono (feat. Yeni Inka) - Denny Caknan

nelongso roso rasane

tangis jroning atiku

yen kelingan esem gemuyumu

laras sworo gending tresno

gawe kangen ning atiku

tansah eling aku ro sliramu

duh kangmas sak tenane

aku ngerti atimu

nanging wes mestine aku du jodomu

pancen roso kari roso

kudu lilo nggongmu terimo

lilakno aku nyanding priyo liyo

ra keroso wes sewindu nggonku ora ketemu

kegugah atiku krungu suaramu

aku mung biso dedungo waranggono sing tak tresno

mugo biso urip tentrem mulyo

tak tulis lakon tresnamu ing gending katresnanku

tak tembangake saben kangen sliramu

sak tenane aku nangis, nanging tresno wes ginaris

tak lakoni kanti ikhlas ati

wuyungku ngelayung ngemboro ing awang-awang

tanpo biso nyanding aku mung biso nyawang

tumetese eluhku deres mili ono pipi

opo tresno iku pancen ra kudu nduweni

wes lilakno aku kangmas, wes cukup lalekno

lelakon tresno iki bakal dadi crito tresno waranggono

ra keroso wes sewindu nggonku ora ketemu

kegugah atiku krungu suaramu

aku mung biso dedungo waranggono sing tak tresno

mugo biso urip tentrem mulyo

tak tulis lakon tresnamu ing gending katresnanku

tak tembangne saben kangen sliramu

sak tenane aku nangis, nanging tresno wes ginaris

tak lakoni kanti ikhlas ati

wuyungku ngelayung ngemboro ing awang-awang

tanpo biso nyanding aku mung biso nyawang

tumetese eluhku deres mili ono pipi

opo tresno iki pancen ra kudu nduweni

wes lilakno aku kangmas, wes cukup lalekno

lelakon tresno iki bakal dadi crito tresno waranggono