🎵

Udan Janji

Album: Udan Janji Durasi: 5:36

Semilir angin dalu sumripit roso ning ati

Soyo nambahi roso kasmaran iki

Pirang-pirang wengi tansah tak enteni

Nanging ra ono teko ngugemi janjimu

Padange rembulan sing ngancani sepiku

Suwe ngenteni ra ono tekamu

Pirang-pirang wengi mung tak sawang langit

Nangis netes eluhku geloning atiku

Ra ono banyu sing nelesi ning pelataran

Nanging mung udan janjimu nelesi atiku sing kasmaran

Ra ono banyu sing nelesi mudun ning bumi

Nanging mung udan janjimu sing deres gawe geloning ati

Ojo mung paring janji

Nganti kapan nyikso kangenku

Nganti seprene ra ono tekamu